Voli Guru Lan Karyawan SMK Negeri 1 Tengaran Jawara 2 Tingkat Kecamatan Tengaran

Grup voli SMK Negeri 1 Tengaran ingkang dipunwakili bapak guru ugi karyawan SMK Negeri 1 Tengaran saged dados jawara 2 tingkat Kecamatan Tengaran. Adicara menika diwontenaken ing kecamatan Tengaran kagem tumut ngregengaken pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 78 taun. Adicara menika dipundhereki kaliyan sedaya instansi ingkang wonten ing Kecamatan Tengaran, saking instansi pemerintahan ugi instansi sekolahan.

Grup voli menika anggotanipun bebas, saged bapak-bapak sedaya, saged ibu-ibu sedaya, punapa saged campuran bapak ugi ibu. Ananging grup voli SMK Tengaran dipunwakili bapak-bapak kemawon. Grup voli menika dipunpandhegani dening Bapak Suyitno. “Nderek lomba voli menika tanpa gladhen rutin, kados spontan kemawon.” Ngendikanipun Bapak Sunarto, salah satunggaling anggota voli.

Wonten ing lomba voli menika grup SMK Negeri Tengaran saged ngalahaken mengsah-mengsah saking instansi sanes lan saged mlebet ing babak final. “Menika saged dipungayuh amargi anggota sami kompak lan boten damel kalepatan kiyambak.”, sanjangipun Bapak Sunarto. Ing babak fiinal kepanggih kaliyan instansi Kelurahan Klero, ananging grup voli SMK Negeri 1 Tengaran menika kedah ngakeni kaluwihanipun mengsah saking Kelurahan Klero. Grup voli SMK Negeri 1 Tengaran dados jawara 2 ing lomba voli antar instansi sak Kecamatan Tengaran.

Menika pratandha menawi boten naming siswa siswi kemawon ingkang nggadhahi prestasi ingkang becik, bapak ibu guru lan karyawan ing SMK Negeri 1 Tengaran ugi nggadhahi prestasi ingkang becik.

Kaserat dening: Diarny Widyastuti (Guru Bahasa Jawa)

About the Author

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

You may also like these