Hamengeti Dinten Guru

hari guru smkn 1 tengaran

XSATA 27/11. Dinten guru dipengeti saben tanggal 25 November ing saben taunipun. SMK Tengaran ugi hamengeti dinten guru wonten ing dinten Senin, 27 November 2023. Pengetan dinten guru menika dipunwiwiti kaliyan upacara bendera kagem sedaya warga sekolah. Boten kadosta upacara-upacara padhatanipun, ingkang kajibah dados petugas upacara inggih menika Bapak saha Ibu guru, saking pengibar bendera, pemimpin upacara, maos UUD, protokol, ngantos paduan suara, sedaya saking Bapak Ibu guru.

Adicara bibar upacara inggih menika pentas seni saking kelas X lan ugi saking Bapak Ibu guru karyawan SMK N 1 Tengaran. Ingkang pentas naming kelas X amargi kelas XI uga kelas XII sampun ndamel geguritan lan curhatan ingkang migunakaken 4 basa, inggih menika: basa Jawa, basa Indonesia, basa Inggris, lan basa Jepang. Lajeng geguritan lan curhatan menika didamel buku satemah kakempalaken dados 8 buku ingkang kaanggit dening para siswa kiyambak-kiyambak.

Pentas seni saking para siswa kelas X saha Bapak Ibu guru karyawan menika dipun wiwiti saking kelas X TJKT 1 lan dipungkasi kelas X TSM 2. Pentas menika siswa saged nampilaken musikalisasi puisi utawi drama musikal. Bapak Ibu guru karyawan uga sami nampilaken pentas, kadosta: maos puisi, karaoke, angklung, nembang lan tasih kathah sanesipun. Ing adicara hamengeti dinten guru menika katon regeng sanget wiwit wiwitan ngantos pungkasan.

Guru digugu lan ditiru, mugi-mugi sedaya Bapak Ibu guru tansah pinaringan kasarasan saha kaberkahan. Sugeng hamegeti dinten guru.

 

Kaserat dening: Diarny Widyastuti, S.Pd.

About the Author

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

You may also like these