Muspida Road to School

muspida road to school

November 2023. SMK Tengaran saben dinten Senin ngawontenaken upacara bendera, bonten kados upacara padatanipun upacara menika dipunrawuhi saking Polres Semarang minangka pembina upacara. Bapak AKP Kusyono, S. H, M. H saking Polres Semarang ingkang kajibah dados pembina upacara. Adicara menika salah satunggaling program saking Polres Semarang (Muspida Road to School) kagem ngirangi kenakalan remaja ing pawiyatan-pawiyatan, amargi ing wekdal punika kathah pawartos ingkang radi kirang sae ing pawiyatan-pawiyatan. Tuladha pawartos kasebut inggih menika: tawuran atawis siswa, bullying, siswa ingkang boten ngurmati guru lan sanes-sanesipun.

Upacara bendera menika lumaku kanthi lancar, ing sesorahing Bapak Kusyono maringi wejangan kagem para siswa supados jagi dhirinipun piyambak-piyambak saking kenakalan-kanakalan remaja, piweling sanesipun supados para siswa boten tumut tawuran antawis pelajar amargi tawuran menika nembe mawon kedadosan lan nyebabaken salah satunggaling siswa seda. Kajaba menika Bapak Kusyono uga paring piweling supados para siswa boten nglakoni bullying ing siswa sanesipun. Amargi bullying menika saged nyebabaken mental siswa down satemah saged ndadosaken siswa ingkang kenging bullying boten purun sekolah. Para siswa dipunsuwun nyingkiri perkara menika lan saged njagi dhirinipun piyambak.

Kajawi paring sesorah, saking Polres Semarang ugi nyawisaken ikrar utawi janji ingkang dipunwaos sedaya siswa SMK Tengaran lan ditapak asmani dening wakil siswa uga Kepala Sekolah SMK Tengaran. Ikrar utawi janji menika wosipun supados siswa boten tumut tawuran, nyingkiri bullying, balap liar, uga kenakalan-kenakalan remaja sanesipun. Menawi para siswa nglanggar ikrar utawa janji menika, para siswa saged nampi ukuman saking kesiswaan utawi saking pihak kepolisian. Mugi-mugi kanthi adicara menika saged ngirangi kenakalan remaja mliginipun wonten ing pawiyatan-pawiyatan.

Kaserat dening : Diarny Widyastuti

About the Author

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

You may also like these