Bimbingan Soft Skill ing Kelas X SMK Negeri 1 Tengaran

Bimbingan Soft Skill ing Kelas X SMK Negeri 1 Tengaran

Soft skill inggih menika kaprigelan ingkang kalebet kaprigelan komunikasi, kapinteran, sosial uga kaprigelan sesrawungan kaliyan masarakat. Soft skill ingkang dipungadhahi siswa panci leres ing tembe wingking saged nulungi ing pawiyatan uga ing pagaweyan. Maneka warna soft skill ingkang kedah dipungadhahi dening para mudha jaman sak menika yaiku: Pamikiran kritis lan saged ngatasi perkara, gotong royong, publik speaking, komunikasi, manajemen, lan kreatif. Saking perkawis menika SMK Negeri 1 Tengaran ngawontenaken bimbingan soft skill ing kelas X, adicara menika sampun diwiwiti ing kelas XII lan dipunlajengaken ing kelas X sedaya jurusan. Adicara menika ditindakaken ing saben dintenipun wiwit surya kaping 15 Januari dugi 23 Januari 2024 ing aula SMK Negeri 1 Tengaran kanthi gilir gumanti saben dintenipun 3 kelas. Soft skill menika dipunpandegani dening dwija Bimbingan Konseling wiwit tabuh 7.30-15.00. Adicara Soft skill menika nggadhahi kathah sanget mupangat kagem para siswa, siswa ingkang wiwitanipun dereng mangertos gegayuhanipun piyambak-piyambak bibar tumut bimbingan soft skill dados mangertosi punapa gegayuhanipun piyambak. Kajaba punika siswa saged luwih kendel guneman ing ngajengipun tiyang kathah lan saged makarya kanthi kelompok kaliyan kanca sanesipun.

Ing pungkasan adicara soft skill menika wonten ingkang spesial, inggih menika wonten adicara alumni mengajar. Alumni ingkang rawuh inggih menika Siti Rofiah, alumni jurusan RPL ing tahun 2019. Siti Rofiah menika salah satunggaling content creator ing media sosial lan asring ditepang kalian asma YuRob. YuRob menika paring ilmu dumateng para siswa babagan caranipun dados content creator lan wiwitanipun YuRob saged dados content creator. YuRob uga paring pitutur supados para siswa luwih kendel lan padha gumregah anggenipun sami sinau ing pawiyatan, supados gegayuhanipun para siswa saged kagayuh. Para siswa sami remen sangat kaliyan adicara menika, mugi-mugi adicara menika saged nambahi ilmu kagem para siswa ing tembe wingkingipun.

Kaserat dening: Diarny Widyastuti, S.Pd

About the Author

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

You may also like these