Apel Pagi Dinten Kemis ing SMK Negeri 1 Tengaran

Wiwitan, apel pagi naming ditepang ing donya militer kemawon, nanging ing pungkasan menika wonten pawiyatan-pawiyatan, kadosta ing Provinsi Jawa Tengah, tuladhane ing sedaya SMAN lan SMKN wajib nindakaken apel. Katindakaken apel pagi menika nggadhahi kathah mupangat, inggih menika:

  1. Ningkataken kadisiplinan guru uga karyawan,
  2. Nggladhi guru kangge mimpin uga dipimpin kancanipun piyambak,
  3. Kangge ngontrol karawuhanipun guru uga karyawan,
  4. Kangge media ngaturake pawartos,
  5. Wahana kengge pembinaan dhumateng guru lan karyawan dening Kepala Sekolah,
  6. Maringi tuladha displin dhumateng para siswa.

Gegandhengan kalih apel pagi menika katindakaken ing saben dintenipun. Ing SMK Negeri 1 Tengaran menika nggadhahi aturan menawi petugas uga pembina apel pagi menika gantosan kanthi cara diundhi. Kajaba menika, ing saben dintenipun basa ingkang dipunginakaken ugi benten-benten. Ing dinten Senin migunakaken Basa Indonesia, dinten Selasa migunakaken Basa Inggris, dinten Rebo migunakaken Basa Jepang, dinten Kemis migunakaken Basa Jawa, lan pungkasan dinten Jemuah migunakaken Basa Arab.

Gayut kaliyan instruksi Gubernur Jawa Tengah babagan ngginakaken Basa Jawa sajroning Surat Edaran Gubernur Jawa Tengah Nomer 430/9525 Tanggal 7 Oktober 2014 babagan ngginakaken basa Jawa kagem pirembagan kanthi lesan ing Lingkungan Pemerintah Provinsi Jawa Tengah lan Pemerintah Kabupaten/Kota Se-Jawa Tengah. Dados apel pagi ing dinten Kemis menika migunakaken basa Jawa. Ingkang dados Pembina apel inggih punika Ibu Heni Wahyutisari kaliyan petugasipun Bapak Misbahul Mujib. Ibu Heni Wahyutisari menika maringi ngelmu babagan basa karma, mliginipun basa karma ing perangan badan. Para bapak ibu dipunajak sinau basa karma kanthi cara nembagaken tembang Padhang Mbulan nanging lirikipun dipungantos dados materi basa karma babagan perangan badan.

Nginggil menika lirikipun tembang Padhang Mbulan ingkang sampun digantos dados pasinaonan basa karma perangan badan. Bapak ibu guru bunggah sanget sami nembang sesarengan. Lajeng Ibu Heni Wahyutisari paring bebungah kagem wakil Bapak saha Ibu guru ingkang majeng nembang. Menika salah satunggaling apel pagi guru uga karyawan dinten Kemis ing SMK Negeri 1 Tengaran. Matur nuwun.

Kaserat dening: Diarny Widyastuti, S. Pd.

About the Author

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

You may also like these